Senin, April 07, 2014

DIALOG BAHASA JAWA




Amarga Facebook Nyasar Mlebu Rumah Sakit


Ing salah sawijining dina. Sak rampunge pelajaran Basa, Jawa wektu istirahat Rojali , Paawiroy , Ucok , Miatun  mlaku menyang kantin sekolah. Wektu iku lagi udan deres lan juben sekolah rada lunyu. Bocah papat mau mlaku cepet-cepet amarga bel wes arep muni.
Rojali               : “ayo !!!! Cepet wis arep bel..” 
Pawiroy           : “Alon-Alon wae lunyu ki… ndak kepleset mengko 
Ucok               : “Ho’a, santé wae lho….. santé wae lho wong bar iki pelajarane pak kliwon gak enek gurune , ho’o ra li…?                                                                                                                              
Rojali               : “ Ho;o tor mlaku ndeloke dalan cok ora sinabi Facebookan, mengko kepleset nangis, Hahaha… “
                (Ucok tetep ora nanggapi omongan bocah 3 mau, Adel tetep mlaku sinambi facebookan sak tekane kantin sekolah, bocah telu mau cepet-cepet tuku panganan nanging adel isih sibuk facebookan…..)
Pawiroy             : “Wah…ucok ki nek wes Facebookan rak raiso diganggu…!”
Miatun               : “Haiyo. Tinggal Wae yo..”
Ucok                  : “ Hayo do ngomongke opo ?? Ngomongke Aku to ??”
Pawiroy              : “ Ealah gi nyadar to ? kowe ki napa we e ?”
Ucok                  : “Facebokan, Update status chating karo paijem , budi , lan sak liane..”
Rojali                  : “ckckckck.. bocah jaman sak iki.. yo gek bali neng kelas”
Ucok                   : “Wellllah aku rong jajajn …..”
Miatun                : “Sapa akon !!... Nangis kono….??”

TRINGGGKKK ….!!   TRINGGGKKK ….!! TRINGGGKKK ….!!
Rojali                  : “Akh, Wiss bell .. , yo tinggal wae ucok….”
Pawiroy              : “Ho’o ndak pak kliwon selak mlebu kelas…”
Miatun , Rojali   : “Yoo…”
               (Miatun , Rojali lan Pawiroy mlaku menyang kelas ninggal adel sik isih sempet jajan. Sakwise bocah telu kuwi mau melaku saktekane ngarep TU Ucok mlayu-mlayu ning mburine sinambi mangan lan facebookan. Wektu kuwi Ucok wis di ilingake menawi aja mangan kalian facebookan, nanging Ucok tetep mangan, facebookan sinambi mlaku. sakwise bocah 3 kuwi mau ninggal adel. Tekan tangga ana suara “Grubyakkkkkk”)
Miatun                  :Apa kuwi mau sing muni ?
Rojali                    :Yo paling tibo
Pawiroy                : Hust ra ngono, nek tenan yo mesake to!!
Miatun                   : Coba di tiliki (Banjur bocah telu kuwi mau niliki…)
Rojali                   : “wooooo lhaaa rakk tenan to Ucok tibo…!! Makane nek dikandhani manut… 
Miatun                 : “wealah, kowe ki li kancane tibo malah di senen seneni tulungi pow piye!!”
Pawiroy                 : “malah eyel-eyelan, ayo !
Rojali lan Miatun: “napa ???”
Pawiroy                : “tulungi lah”
Ucok                    : aduhhh, lara banget e…
Rojali                    : makane nek di kandhani yo manut, saiki keno akibate dewe to…?
Ucok                    : “iyo-iyo aku insyaf, eh hp ku nengdi e aku mau arep upload foto je !!”
Rojali                   : haduhhh… wis tiba mikirke hape, facebookan, ckckck
 Miatun                : weslah tanganmu metu getihe, gawa neng rumah sakit, hpmu ikhlas ke wae…
Rojali                   :isih wae guyu, makane nek mangan karo facebookan aja sinambi mlaku, akibate laran nyasar rumah sakit to..hpmu yo dadi korban melu tiba…
Ucok                      : “Yo owes aku ngaku salah”
Miatun                   :   “wis ndang di gawa neng rumah sakit wae..”
Sakwise kuwi bocah papat kuwi mau njikuk hikmahe, tata cara wong mlaku kuwi menawi ditindakake kanti bener saget nguntungaken diri kita piyambak lan sing paling penting aja mlaku karo disambi kalo liyane, misale mangan lan facebookan amarga bias nglarakake awak lan hp bias katut dadi korbane…

Tidak ada komentar:

Posting Komentar